Nostalgia 10


 Percaya atau tidak, kompetisi inilah yang membuatku untuk awal-kalinya masuk ke layar kaca –meski hanya skala lokal. Hehehe.  

Lakon yang kumainkan juga tak main-main: Syech Syarif Hidyatullah (Sunan Gunung Jati) VS Muhammad Syarif (Bomber Masjid Mapolresta ad-Dzikra, Cirebon).

Sayang, naskah ini harus tumbang di putaran final. Hahahaha. Langsung saja:



Jalu lan Kang Mudi
Dening: M. Khoirul Anwar KH.

Sesampunè kedadian bom mbledus ning Mesjid Mapolresta Cirebon, Jalu, salah siji murid tajug Al-Hikmah kekèderen. Dewekè kapitenggengen, bli kaup turu lan mangan, awitè apa ana sing tega mateni wong Islam ning Masjid? Sing mateni pada-pada wong Islamè pisan.

Kenyataan kuèn dadi pitakonan kanggo Jalu, sing awit zaman bengen dewekè ngaji, nanging Jalu yakin langka dalil kang ngolih aken bom-bom an mengkonon. Apamaning lamun eling karo pituturè Sunan Gunung Djati :Ingsun titip tajug lan fakir miskin. Trus kira-kira setan apa sing manjing ning menusa kang ngebom mau?

Saking penasaranè pengen weru jelas asal-usulè Jalu marani ning umah guruè, Kang Mudi, kanggo tetaren. Mudi mesem bae ndelengaken muride, Mudi wis apal lamun Jalu iku muride sing pinter, pikirane kaya wong tua. Mudi weru kudu priben ngadepi muride sing lagi kalap. Jalu disandingi gorengan, bari ngobrol ngalor-ngidul Mudi nyritaaken masalah kang gawe Jalu penasaran.

“Cung Jalu, kedadian bom mbledus wingi iku, salah siji bukti paling nyata, kita wis sulaya karo wasiat agung Gusti Sunan Gunung Djati, sing wis njungkel-njempalik nandur bibit Iman lan Islam ning tanah Caruban iki. Kedadian sing gawè kita sadar, yen kita iki wis ora bisa ngopèni, ngurip-nguripi tajug, malah petakilan ning masjid. Kuh Cung dadi kita kudu gagé èling.

Pancen bener wasiate Gusti Sunan wis pada manjing ning kupingè pejabat, Ingsun titip tajug lan fakir miskin. Nanging eman temen, mung manjing kuping tengen metu kuping kiwè. Bli pada dirasaknang ning ati, malah pada dolanan wasiat, ana sing kanggo narik simpati rayat, ana sing kanggo mérek dagang, wis pokoke ruwed ngampred. Boro-boro arep ngamalaken, padu kanggo aban-aban bae, kanggo nglulusaken kerepè”.

Dasar Jalu bocah cerdas, prangsane bli kejagan bli sabar nunggu gurué njelasaken. “Apa sing nyebabakén Muhammad Syarif sampe mengkonon kuh guru? Dudu si Syarif ku anak putué Gusti Sunan uga” jare Jalu.

“Sebab sing manjing ning Muhammad Syarif iku mung daging lan getié bae. Ilmu lan kearifan budi Gusti Sunan bli nylendep ning atiné, bagen masih dadi sedulur adoh keraton Kanoman gén, tetep baé, atiné rungsing.

Cung Jalu, masih kelingan beli? Ari Gusti Sunan kuh nempa seumur urip kanggo belajar lan ngaji, sedina-dina mbela ning dalané Allah. Piyambeke lair ning Ismaiiliyah, Mesir  tahun  sewu patangatus patangpuluh wolu (1448) M sing pasangan Maulana Mahmud Syarif Abdullah lan Nyi Rarasantang. Gusti Sunan lair ning jagad sing dadi pusat ilmu pengetahuan Islam, waktu semono. Sing awit cilik wong tua Gusti Sunan ngajarakén pendidikan agama. Tepung 20 tahun, Gusti Sunan mangkat nyantri ning Mekkah sampe 4 tahun kanggo tungkul ilmu Syariat Islam, lan terus Gusti Sunan mangkat ning Baghdad, kanggo belajar ilmu tasawuf. Sampé akiré kedeleng bagja ilmu lan budi perilakué.

Karo mangan gorengan, Jalu tungkul ngrunguaken crita gurué.

“Gusti Sunan dudu wong sing gemlodogen ning tahta, Gusti Sunan luwih ngutamaken belajar lan luru elmu. Ndakate adiné Mamaé wis njaluk Gusti Sunan kanggo ngganti aken mamané mimpin  kerajaan, nanging tetep bli gelem. Sampe akiré kerajaan diserah aken Adine ndingin, Syarif Nurullah, Gusti Sunan luwih milih mangkat ning tanah Jawa, bumi leluhur mimié. Ning tengah dalan, Gusti Sunan ngulak elmu sing endi-endi ora. Gujarat, Pasai, Banten sampe teka ning Jawa Timur. Sing kono (Jawa Timur) Gusti Sunan oli amanat sing Majlis para wali kanggo babad alas ning Caruban Nagari ngganti aken Syekh Nurjati.

Gusti Sunan teka ning Cerbon tahun sewu patang atus pitung puluh (1470) M. ning Gunung Sembung, kanggo mulai syiar agama Islam. Oli bantuan sing uwak kaji Abdullah Iman utawi sing dikenal Pangeran Cakrabuana, Gusti Sunan gawe majlis sing diarani Giri Amparan Jati. Sing awit kuen, Gusti Sunan mulai ngamprak nyebaraken syariat Islam, dudu bae ning Jawa tapi ning tanah Sunda.

Kebukti sampe karo tengo (2/3) jagad Jawa Barat lan Banten wis oli tuntunan Islam. Ning awit Cibalitung (Bandung), Timbangaten (Garut), Batulayang lan Pegadingan (Sumedang), khususe rayat Ciayumakuning dewek wis pada manjing Islam kabeh. Bli mandeg ning Jawa lan Sunda, nanging Sampe teka ning Tartar, negri China Gusti Sunan nyebaraken syiar Islam, lan kawin karo putri Raja China, Nio Ong Tien.

Sing kedigjayaan ilmuné Gusti Sunan oli sebutan apa sengora. Misalé wali, Insan Kamil, Tumenggung, Nurdin (wong kang ahli Tata Negara), Panetep Panatagama, Sinuhun Caruban, Susuhunan Jati  nanging sing paling ngleket ning Gusti Sunan iku, Sunan Gunung Djati. Kabeh diolehi nganggo dalan dakwah Islam sing ngutamaeken kebagjaan, sampe akiré akeh uwong pada nurut lan manjing Islam. Ndakate Gusti Sunan bli ilok maksa raja-raja cilik ning pelosok sing masih nganut Hindu-Budha kanggo meluk agama Islam.

Dadi lamun Syarif Hidayatullah iku dadi penetep panatagama, Muhammad Syarif malah dadi panetep perusakgama, Jare Kang Mudi.    

Cung Jalu, Gusti Rasul sampe teka ning ajale, sing disebut kuh umate-umate, uga karo Sunan Gunung Djati (1568 M)  pesene, Ingsun titip tajug lan fakir miskin.

“Nggih guru, isun bli arep niru tingkahe Muhammad Syarif nanging isun arep nyumponi wasiate Gusti Sunan Gunung Djati, Syekh Syarif Hidayatullah”.

Karo nglangen deweke pamit, teka ning umah Jalu langsung les baé turu.

Mbuh karna wis paham tah kewaregen.



  • * diserat kanggè sarat sayembara Dongeng babad Cerbon tèng Yayasan Dian Indonesia 2011.
  • ** Penulis, Lair Tèng Babakan-Ciledug kabupaten Cerbon. Nyerat Esai, Opini lan Cerpen teng media Lokal lan Nasional.

Referensi : Sudjana, TD. Kamus Bahasa Cirebon, Humaniora Utama Pers. Cirebon, 2001
                Tim Penyusun, Kamus Bahasa Cerbon-Indonesia,  Disparbud Jabar,  2007
Wardiya, Amin Drs. Sunan Gunung Djati bukan Faletehan, Bakombudpar Kab. Cirebon  



       


0 Response to " Nostalgia 10 "

Posting Komentar